Mahasiswa Jurusan Pendidikan Fisika

Translate

Sabtu, 13 Oktober 2012

pidato Ilmu dan Remaja




السلام عليكم . . . الخ

المقدمه

·         Dumateng  ngarsanipun poro Alim dalah Ulama , poro kyai, poro sepuh pini sepuh ingkang satuhu  kinabekten. Wabil akhosh panjenenganipun Nyai Hj. Mafthuhah, AH.  ingkang kito mulyaaken soho mugi-mugi dipun mulyaaken dining Allah SWT.
·         Poro Dosen soho karyawan ingkang kinurmatan
·         Dumateng poro pangembaning projo, satriyaning negeri minongko dados songsonging kawulo dasih ingkang kinasih.
·         Mboten kesupen Mahasiswa-mahasiswi khususipun madzhab KI  ingkang sinebo ing suko.أ

أيها الحضور النجباء حفظكم الله

Alhamdulillah, kito sedoyo saged makempal wonten majlis ingkang sae, keadaan ingkang sae, mugi-mugi njeh kacatet dados amal sae,,, amin.
Alhamdulillah maleh, wonten ing papan paseban meniko, kanthi nikmat saking gusti Allah, kito sedoyo saged karoyo-royo , mengayuh bagyo,  saperlu mangestreni wonten
مجلس تعليم الدراسة اللغة الجاوية  بصحة القلب والجسد 
Sholawat ugi salam tansah kito unjuaken dumateng ngerso pepunden kito Muhammad SAW. الذي ترجى شفاعته   , mugi-mgi kito sedoyo dados umat, ingkang angsal syafa’at, benjang dinten qiyamat. Amin !

أيها الحضور النجباء حفظكم الله

Wonten ing titi wanci meniko,
إسمحوا لى أن أقوم بينكم لإلقاء كلمة المختصرة ولكنها شديد القيمة عن
" شبان اليوم رجال الغذ "
Ingkang pundi tiyang sak niki ngawestani REMAJA,
Pak ! Buk !
Remaja niku nopo, mie ayam  nopo bakso.
Remaja niku di pundut saking bahasa Arab رماجا, nak dipun maknani :
 ر : Ningalano sopo siro
ما : ing perkoro
جا : kang dugi opo ma

Intine kito dados remaja disuwun mirsahi, bertafakkur, kados pundi mongso ingkang bade dugi langkung sae, menawi kito dados remajakok bertata krama sae, insya ! mongso ingkang base dugi gehlangkung sae, anyem, tentrem, gemah ripah loh jinawi,
Dados keprihatinan kito menawi poro pemuda sampun mboten purun ngaji wonten majlis ta’lim, meniko penyakit masyarakat ingkang sampun kronis, bade dados nopo generasi mbenjang niku....???
Menawi panjenengan tingali lare TK soho SD taseh katah ten kampung-kampung ingkang sekolah Diniyah, taseh katah ingkang Ngaji, tapi cubi menawi SMP ? sampun mulai mrotoli, macem-macem alasanipun  . nopo maleh ingkang sampun SMA, sampun sekedik sanget ingkang purun ngaos. Nopo maleh ingkang KULIYAH.....................................................??????????
Alhamdulillah kito sampun rampung anggene kuliyah, amin !. paripurnaning tarbiyah nikun mboten berarti rampung anggene ta’allum atowo sinau, mboten poro rawuh.  Taseh  katah ingkang kedah kito sinahuni maleh, ilmunipun Allah meniko mboten wonten telase, 



ربما كفاني هذا كلامي , إذا وجدتم صوابا مني فإنه من الله,
Sedoyo kalepatan, kirang trapsilaning tembung soho tingkah nyuwun agunging samudro pangak sami.
المهم الدعاء بالدعاء

مع السلامة يوما وإلى اللقاء
والسلام عليكم . . . الخ

Tidak ada komentar:

Posting Komentar